mining saya

Amemayu Hayuning Bawono


Tanggal 7 Oktober 1756 di gawe perjanjian Gianti sing intine misahke lan mbentuk 2 Kerajaan Mataram anyar, yaiku Kerajaan Ngayogjakarta(Mangkubumi / Hamengkubuwono) lan Kerajaan Surakarta(Pakubuwono). La kok iso??..
Ngene..jarene.. sedurunge misah.. kerajaan Mataram adem tentrem tp selot sue pikirane podo ora sepadan alias sak karep’e dewe. Banjur podo perang (perang sodara cing..), weladalah..podo-podo wong jowo lan seduluran kok podo perang2an…
Soale Pakubuwono(solo) pas kui setuju lan ngotot melu-melu Kompeni alias gelem kerjo dadi budak’e Kompeni , tapi Hamengkubuwono(jogja) nolak mentah-mentah kerjasama ro Belanda, la pie meneh soale wong-wong jowo podo di gawe budak, malah ono sing di kirim nang Suriname kerjo dadi budak nang perusahaan’e Kompeni. Podo-podo ngotot’e banjur podo gelut pincuk-pincuk’an, banjur di pisah waelah.. maka metulah perjanjian Gianti. Dadi kelingan “Ho No Co Ro Ko”.
Meski Perjanjian Gianti iki wis metu tapi Mangkubumi / Hamengkubuwono isih wani terus nglawan Pakubuwono goro-goro melu kompeni, lan terus nglindungi wong-wong penduduk’e seko penindasan Kompeni. Conto’e : Sultan ngangkon penduduk’e gawe Selokan Mataram ben ra di kon dadi budak Kompeni. Saking wani lan seko pengurbanan Mangkubumi / Hamengkubuwono, Kerajaan Ngayogjakarta dadi di jenenge Daerah Istimewa Yogyakarta, propinsi sing nggo system pemerintahan monarki (artine; suatu kerajaan sing di pimpin Raja selamanya).
"Pejah Gesang Nderek Sultan".

nambah:
Amemayu hayuning Bawono : Mengalir dalam hembusan alam
Ng-ayu-gya-karta-hadi-ning-rat : ajakan untuk bersegera dalam membangun peradaban baru demi terciptanya kebahagiaan dunia & akhirat
Soekarno19121949 : "Yogyakarta terkenal oleh karena perjuangannya, maka hidupkanlah terus jiwa perjuangan itu.!"
pemda-diy.go.id
wikipedia.com

The Hope City


Iki kota lahir dino Sabtu, 11 April 907, saiki kiro-kiro umure 1104 taun!!... sopo sing ra ngerti kota iki?, letak’e sing strategis antara 2 kota gede nang pulau sing paling terkenal nang negoro Asia, saiki (2011) lagi di bangun dalan sing gede nang kota iki , lan di harapkan iso nambah lancar lalu lintas seko lan nang kota iki.

Jumlah penduduk kota 120.000 taun 2003, gawean penduduk kota iki kebanyakan pegawai negri (tentara lan PNS), kondisi kota sing adem anyem , wong2e sing nyantai lan seneng ngguya-ngguyu marak’e betah urip nang kota iki (ndak iyo?).

Arep olah raga ra sah bingung, arep olah raga sing gratis ono, opo maneh sing mbayar. Arep olah raga bergengsi ono lapangan golf, kolam renang, stadiun sing keren abis. Arep bal-balan, tenis, badminton opo mlayu2 kabeh ono nggon’ne tinggal namplek. Arep olah raga petualangan ono arung jeram, hiking opo munggah gunung monggo kerso.

Ono macem-macem taman rekreasi seko sing cilik nganti sing gede kabeh oke. Ora adoh, ora sui gampang di jangkau, lan di jamin taman‘e resik lan sesuai standar wong nganggur sing stress nek arep refressing.

Keamanan ra sah di takok’e, nek ra percoyo takon pak polisi nang pusat kota. Aman terkendali (jarene).

Arep golek mangan? Minuman? Oleh2? Souvenir? Klambi? Kaos? Lain2? Nyante wae, akeh bakul2 lan warung2 sing jos gandos, seko sing tradisional nganti sing modern kabeh ono. sing jelas murah nek ra murah yo ngenyang, nek bakul'e di ngenyang ra gelem yo ra sah mincuk.

Dadi ojo bingung meneh, nek arep mrene yo mrene nek ora yo kudu mrene. The Hope City.

magelangkota.go.id

MIE AYAM PEDAS


Bahan:
250 g mi telur

Taburan:
1 sdm minyak sayur
2 siung bawang putih, cincang
1 buah cabai merah, cincang halus
150 g daging ayam cincang
1 sdm saus cabai botolan
½ sdt merica bubuk
1 sdt garam
½ sdt minyak wijen

Kuah:
2 siung bawang putih, cincang, tumis
750 ml kaldu
2 sdm kecap asin
100 g bokchoy, potong-potong, rebus sebentar

Cara membuat:
1. Didihkan air secukupnya, rebus mi segar hingga lapisan terigu dan minyaknya larut serta mi lunak. Angkat dan tiriskan.
2. Taburan: Tumis bawang putih dan cabai merah hingga harum.
3. Masukkan daging ayam, aduk-aduk hingga kering.
4. Tambahkan bumbu, aduk hingga rata dan matang. Angkat.
5. Kaldu: Rebus kaldu bersama kecap dan bawang putih tumis hingga mendidih. Angkat.
6. Penyajian: Taruh mi dalam mangkuk-mangkuk saji, taburi dengan ayam tumis, beri bokchoy rebus dan siram dengan Kuahnya. Sajikan panas.
Untuk 3 orang

vatikan


perjalanan di mulai seko kota cedak laut sing jenenge Civitavecchia, kiro-kiro 1,5 jam perjalanan numpak taksi ( pp mbayar'e 450'an euro) ke arah kota Roma, nglewati dalan ndeso nang Roma. nggon'e ndeso abis tp resik, ranah landai koyo nang pilm2 gladiator, tiap beberapa km dalan ono loket sing ora ono sing nunggu, tp kendaraan ra sah mandek maju terus...soale serba otomatis serba kamera gan.

\

begitu mlebu kota Roma..... weladah..bagaikan mlebu omah raksasa... kabeh bangunane kuno lan gede-gede tenan rek...nganti tingak-tinguk ro mlongo koyo kethek ketulup...
si supir taksi njelaske...dalan2'e ro nunjuk2 bangunan sing bersejarah...
si supir nyetir dengan nyantai...trus nunjuk ngarep... "Stato della Città del Vaticano"


Stato della Città del Vaticano

Suatu negoro sing paling cilik sedunia, vatikan, jeneng gaul’e State of the Vatican City, di dalam wilayah’e Roma nang Italia. Iki tempat tinggal Paus, sing mengepalai Grejo2 Katolik seluruh dunia.



taun 326 di bangun greja pertama ( di perkirakan makam’e Santo Petrus) nang wilayah ini, wilayah Roma iki sebelum’e durung di huni , alias tanah kosong. Selot sue banyak sing menghuni wilayah iki,. 11 Feb 1929 , antara Benito Mussolini lan Paus menandatangani Concordat (Perjanjian Lateran) sing isi ne mengakui Negoro Vatikan nang wilayah Italia iki, di bawah pemerintahan Tahta Suci.
nganti saiki kepala negara Vatikan dipimpin Paus, Paus iki di pilih oleh dewan Kardinal


pancen jos gandos nang kene...bangunane gede kabeh...patung'e koyo tenan...manteb tenan gan.mlebu nang vatikan ternyata lewat sebelah kanan , tas di prikso disik..trus mlebu... menyelusuri jalan2 nang njero vatikan , mlebu ngisor (bawah tanah grejo) ndelok makam para paus, peninggalan2 seko Santo Petrus, mantab abis...



berhubung waktu ne wis mepet...terpaksa metu lewat sebelah kiri Bangunan basilica Santo Petrus. mudun karo mlayu...soale wis di tunggu si supir taksi sing lg tingak-tinguk.

pamer disik

"donald (don) moen ro garwa'ne"



"melu-melu"

"max lucado's family"

Santorini, Yunani

Σαντορίνη (Θήρα)
Santoríni, (Thíra)

“mas iki ngko nang’di mas?”
“nang Santorini, Yunani”
“opo kui?terkenal ra?nggon’e apik ra, ?”
“weladalah…ndeso tenan koe tho le…le….!, Santorini ki tempat impian para wisatawan ndes, kota ne nang nduwur gunung, warna bangunan’ne putih kabeh”. karo nunjuk kota Santorini.
“ndak kae kota’ne? ngko dolan mrono ah…”. seko adoh kota Santorini warna'ne putih2 koyo jamur nang puncak gunung2 sing nyebar.


Adalah kepulauan nang gunung berapi di Laut Aegea, kiro-kiro 200 km seko daratan Yunani. Pulau iki termasuk kelompok Kepulauan Cyclades, luas wilayah’e 73 km² lan populasi penduduk 13.600 jiwa pas taun 2001. Pulau Santorini terkenal sebagai tempat wisata sing amat sangat menarik lan terkenal minuman wine (anggur).
Jare embah2 sing pinter arkeologis Santorini, pulau iki di huni pada masa Neolitik, nang pulau iki yo lokasi peradaban penting taun 3600 SM. mbiyen..Santorini jeneng’e Stongili (bhs Yunani; Bundar). taun 1500 SM, ono gempa lan gunung berapi mbledos nang pulau iki, sing nyebabke tenggelam sebagian pulau iki, jelas podo tewas sebagian penduduk nang pulau iki.
"kae puncak gunung berapi sing isih ono nang tengah2 kepulauan Santorini"

Taun 1300-1100 SM, bangsa Fenisia urip nang pulau iki, terus bangsa Lakonia yo melu2 urip nang pulau iki lan ngganti jeneng dadi Thera. sekitar abad 6-7 SM Dinasti Ptolomeus (gantine Alexander Agung) pingin menguasai Laut Aegea maka’ne Thera iki di jadikan pusat perdagangan lan pangkalan angkatan laut.

Bangsa Byzantium lan Venesia pada taun 1200-1579 menguasai pulau Thera trus ngganti jeneng Thera dadi Santorini (jeneng Grejo Saint Irene).
Gunung berapi nang pulau Santorini isih mbledos sekitar taun 1570, 1650, 1707, 1866-1870, 1925-1926, 1928, 1939-1941, lan 1950.


icon (tanda terkenal) nang Santorini ki Kubah greja-grejo sing berwarna biru kabeh ro hewan Keledai.

nang Santorini mung ono dua musim yaiku musim hujan ro musim panas.
nek arep munggah nang puncak ( ke kota Santorini) ki ono dua cara, yaiku naik kereta kabel (mung 5 Euro) atawa naek keledai (mung 20 Euro), nek arep mlampah nggih mboten nopo2...(gratis gan).

"nek mlaku2 ati2 bos...soale ora kabeh dalan iso di lewati...salah2 iso mlebu omah'e uwong..."


situs resmi: Thera.gr

Monte Carlo Monaco



Sirkuit Monaco (Circuit de Monaco) ki jeneng sirkuit atawa lintasan balapan mobil nang ndalanan nang kota Monte Carlo dan La Condamine nang cedak pelabuhan Monaco. Sirkuit iki di kenal “Sirkuit Monaco”.


Sirkuit iki di nggo balapan tiap bulan Mei tiap taun slama seminggu, tentu wae balapan F1 (nek balapan karung emang’e tujuhbelasan).


Sirkuit iki di gawe kiro2 butuh 6 minggu, lan pembongkaran’e kiro-kiro 3 minggu. Sing dadi barang menarik seko sirkuit iki yaiku akeh tanjakan , dalan midun, tikungan lancip-lancip, lan sing paling menarik yaiku dalan’e sing lurus tapi sempit.


Lintasan sirkuit iki di kenal ngeri (emang’e kuburan) dadi ojo kaget nek sirkuit iki dadi ajang tes kemampuan pembalap F1. Sirkuit Monaco terkenal tikungan sing mara’i bapak2 pembalap rodho emosi la pie mbelok’e kudu kecepatan’e 50 km/jam . La liya’ne sing kudu ati2 ono belokan sing kudu banter lan ngati2 tapi kudu ngebut rata-rata 260 km/jam nek ra gelem di selip pembalap nekat.



Ono maneh sing para bapak2 pembalap F1 kudu ngati2, yaiku pas lewat terowongan (ngisor Hotep Fairmont) wis dalan’e sempit lewat terowongan’e sing peteng ndedet, bar kui metu terowongan padang njinggrang…(silau bok..) .



balapan nang sirkuit Monaco ki iso di bilang ra iso selip-selipan, la dalan’e sempit tur rapet pet, dadi skill (kepinteran) pembalap ki luwih penting timbangane power (kekuatan) mobil F1. Faktor posisi star lan strategi pitstop sing nggawe pasti sopo sing menang nang balapan sirkuit Monaco.


Panjang lintasan          : 3.34 km
Belokan                        : 18
Rekor waktu                   : 1:14:439
Rekor pembalap F1           : Michael Schumacer
Rekor tim F1                      : Ferrari
Tahun rekor                         : 2004


bagi yg mau ke Monaco di sarankan pake kapal Yacht, soale nek ra nggo kapal yacht ndak di kiro wong ndeso. selain balapan , nang Monte carlo jg terkenal ajang pamer kendaraan lan pamer kapal yacht. lan sing mara'i sugih seko kota iki yaiku Casino (judi...judiii...!!)
panas!!....

Postingan Populer

Translate me